Bekasi, Cikarang & Karawang
5
Nomor
Kode
KPK 5
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Masmur
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 6 bait
1
Allah yeku Pangen kula Kula menda kagunganNya Mesthi datan kekirangan wit rinimat dening Pang’ran
2
Dennya mlegungaken kula Dhateng panggenan kang eca Alon den-giring mring toya Ing papan kang gung tentremnya
3
Langkung ayem manah kula De tinuntun ing astanya Dhateng margining raharja Karana saking kang Asma
4
Nadyan kula ngambah jurang Antaka, nggih tan sumelang Wit Tuwan kang nganti kula Dados panglipuring driya
5
Tuwan nyegahi mring kula Ngajengannya satru rodra Sih Tuwan tansah ambleber Tuwung kula ngantos luber
6
Karaharjan lan kadarman Badhe ngiring lampah-ingwang Salaminya kula gesang Ngantos mlebet kraton Tuwan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 5
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia