Bekasi, Cikarang & Karawang
3
Nomor
Kode
KPK 3
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Masmur
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
1
Dhuh Allah kang ngadili kawula Tuwan mugi narimah ing pasambat Salebeting karupekan kula Tuwan kang paring omber mring kawula Mugi rentaha sih kawlasan Tuwan Ngantos myarsakaken pandonga kula
2
Pra priya nganti pira lawase Kluhuranku β€˜nggone kawirangake Nganti pira lawase enggonmu Padha rumaket mring kang tanpa guna? Apa maneh nganti pira lawase Enggonmu padha angupaya cidra?
3
Padha sumurupa yen Yehuwah Miji wong siji dadi kekasihe Allah anjurungi yen daksebut Dadia ana srengenmu ya aja Gawe dosa, mosika ing atimu Ana ing paturon, sarta lerema
4
Nyaosna kurbaning kamursidan Sarta kumandela marang Yehuwah Kathah tiyang kang gadah pangucap β€œSapa nuduhake begja mring aku?” Duh Allah, Tuwan mugi mletekaken Cahyaning wedana Tuwan mring kula
5
Tuwan paring bingah dhateng kula Langkung saking ingkang karaosaken Mring tyang kang angsal gandum lan anggur Kawula badhe leyeh-leyeh tilem Amargi, dhuh Yehuwah, namung Tuwan Kang manggenaken kula asantosa
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 3
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia