Bekasi, Cikarang & Karawang
306
Nomor
Kode
KPKA 306
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Tematik
Neningkahan
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 324
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
1
Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti, dados brayat kang sinengker ing patunggilanipun Hyang Maha suci, sembada ing prang rohani, nglawan iblis julig yekti tumemen ing pandonga, wah nggegilut sabdanya, nggunggung sih rahmate Rama, mersudi ing kamursid.an miwah gesang masamuwan, tan laIi dados seksi wah lelados sesami, mbabar sih tresnaning Gusti.
2
Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti, brayatira sami sinengker wit prasetyan tinandhan baptis suci kanthi temen denya merdi srana nuntun nuladhani, dimen sregep ngabekti, ndedonga lan memuji, tansah setya dugeng janji, kanthi tegen nggulawenthah dimen dadya putreng Allah kinasihan ing Rama tinresnan ing sesama watek pradhah lembah manah.
3
Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti, tinimbalan ambabarken rawuhnya, Kratoning Allah ing bumi, sayuk rukun ing bebrayan nyirik dredah pasulayan, nging tresna kanthi tulus manut prentahing Kristus, ngarah donya kadya Firdus kanthi temen ing pambudi memayu ayuning bumi ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa wah tut wuri handayani.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 306
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia

Slide Lirik 6 slide
Slide 1 — KPKA 306 1
Slide 2 — KPKA 306 2
Slide 3 — KPKA 306 3
Slide 4 — KPKA 306 4
Slide 5 — KPKA 306 5
Slide 6 — KPKA 306 6