Bekasi, Cikarang & Karawang
300
Nomor
Kode
KPKA 300
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Tematik
Neningkahan
Metronom
0
Cross Ref.
KPK 109
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
1
Arahayu sagunging tyang gegriya ingkang tansah rumaket mring Gusti, mung Gusti, dadya tuking basukinya klayan bingah prentahnya pinundhi sekakapti anilingken sabdanya, angabekti Allah klayan eklas, rinten ndalu angluhurken asmanya myang sumuyud kalayan trus ing tyas.
2
Arahayu sagunging tyang semahan, ingkang nunggil tresnanya mring Gusti, runtang runtung denira sih sinihan, klayan, saekapraya lan budi, tansah migatosken sabdaning Allah, sarta memuji ngluhurken Gusti, mantep ing pitados kang trusing manah, saha setya dumugi ing janji.
3
Arahayu sagung tyang neningkahan, kang tan nglirwakken prentahing Gusti, nggulawenthah brayat klayan kasetyan, mrih sami tulus ing pangabekti, saha tansah sami sareng ndedonga, sabiyantu ing bot repotira, anebihi bebaya cecongkrahan, lestantun sami manggih kraharjan.
4
Arahayu sagung tyang bebrayatan, kang tansah saos sokur mring Gusti, nadyan bingah utawi nandhang sisah, nggih namung Gusti kang den bekteni, tansah nggatosken dhawuhing Hyang Widi, dados dilah wah sareming bumi nandukken sih katresnan mring sesami, mrih salumahing bumi basuki.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 300
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia

Slide Lirik 8 slide
Slide 1 — KPKA 300 1
Slide 2 — KPKA 300 2
Slide 3 — KPKA 300 3
Slide 4 — KPKA 300 4
Slide 5 — KPKA 300 5
Slide 6 — KPKA 300 6
Slide 7 — KPKA 300 7
Slide 8 — KPKA 300 8