Bekasi, Cikarang & Karawang
171
Nomor
Kode
KPK 171
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Ngajalipun Sadherek
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
1
Dhuh Gusti Pamarta kula Kang mengku pejah gesang Kula sami kekempalan Sowan ing ngarsa Tuwan Kajat kula nyaosaken Saudhara kawula ingkang saweg tilar donya Pinecat nyawanira
2
Kula sami masrahaken Nyawanira mring Tuwan Mugi sageda tinrimah Manggiha karaharjan Arerema denya aso Mantun rekasanira Ayema denya sumare Ngantos benjing tanginya
3
Tuwan mugi sung panglipur Mring sanak kadangira Ingkang sarwi urun tangis Nguntapaken mayitnya Kang taksih wilujeng mugi Ginugaha ing driya Suminggaha saking dosa Slameta ngajalira
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 171
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia