Bekasi, Cikarang & Karawang
112
Nomor
Kode
KPK 112
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Wanci Dalu, Warsa Enggal, Pepisahan
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 8 bait
1
Gentosing wulan lan warsi Damel getun kula yekti Dene lampahe kok rikat Namung sanetra prasasat
2
Mekaten dadose sirna Kamulyaning alam donya Mekaten badhene ical Samukawis kang ketingal
3
Kejawi mung Gusti Allah Ingkang boten ewah-ewah Pangeran kang Mahaagung Yeku piyambak kang langgeng
4
Prayogi denalembana Ngantos salami laminya Allah kang tanpa wiwitan Utawi tanpa wekasan
5
Dene kalepatan kula Slamining taun punika Dhuh Rama, sampun ngemuti Mugi Rama ngapunteni
6
Sampeyan karsa ngaksama Lantaran saking kang Putra Kula pikantuk pawartos Rahayu kula pitados
7
Kawula darbe panyuwun Ingkang mugi mindhak taun Mindhaka padhang ing manah Miwah utamining lampah
8
Sanajan enggal gumantya Dinten lan wulan myang warsa Yen kanggenan gesang langgeng Kula sestune wilujeng
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 112
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia