Bekasi, Cikarang & Karawang
107
Nomor
Kode
KPK 107
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Dhaupipun Tiyang Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 302, KPJ 332
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
1
Tetangsul ing dhaup suci Suh awet saha manis Nunggilken manah kekalih Temah sae kakapti Sami rukun atut runtut Wah trisnanira salutut Sami mukti saestu
2
Dhuh Allah, purbaning tresna Atur panyuwun kula Mugi parenga ing karsa Tuwan maringi idi Sarta malih anjangkungi Sadherek kula punika Panganten jaler estri
3
Mugi nggennya sesemahan Kalulusna ing Tuwan Ginanjara berkat slamet Nggih berkating katrisnan Engthenga bot repotira Tebihna bencananira Tiyang gesang neng donya
4
Mugi Tuwan cakepana Ing sabetahing griya Sinungana umur panjang Wah bagas kasarasan Dhaupnya dadosa, temah Anggenipun momong anak Kalayan kraharjan
5
Mugi agunga sih Tuwan Dhateng panganten kula Sami dados sesemahan Rengganing pasamuwan Nunggila ing pangabekti Saha pandonga mring Gusti Kaserepan tyang alim
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 107
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia