Bekasi, Cikarang & Karawang
94
Nomor
Kode
KPK 94
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Gumelaring Kratonipun Gusti
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
1
Ginanjara berkat salam Eh pra utusan setya Kang ngundhangken kabar slamet Mring pra umat parenca Saya wratakna prangira Lan brahala wah peteng Gusti kang anganthi sira Pangreksanya tan sepen
2
Tetunggul salibe Gusti Den ulukna lan tatag Nganti ing salumah bumi Suwura sihe Allah Padha dadia cihnanya Kristus yen pinaringan Para umat sadayanya Bra cinawisan slamet
3
Dhuh Gusti, mugi nglaraken Pangundhanging sih Tuwan Ngantos kang dereng midhanget Tan kantun satunggal tyang Para umat winulanga Mlampah neng padhang suci Sihe Rama kamulyakna Wonten salumah bumi
4
Boten sandhe badhe dugi Jaman mulya punika De Allah mesthi mumpuni Ing pundi pakaryannya Dhuh Rama, mugi kang asma Mulyaa ing sajagad Margi tinampen sawabnya Dharahing salib Tuwan
5
Pra abdi Tuwan kang setya Sami sinantosakna Linipura de cahyanya Berkat Tuwan kang adya Matemah kendel majunya Ing tengahnya pra umat Ginelakna jaman mulya Wradining kraton Tuwan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 94
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia