Bekasi, Cikarang & Karawang
84
Nomor
Kode
KPK 84
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Tumedhakipun Roh Suci
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 10 bait
1
Kala dinten Pentekosta Gusti karsa netepi Kang dados prajanjinipun Nedhakaken Roh Suci Kairing paneng’ran Tyang kathah kaebatan
2
Gusti angetingalaken Kamulyanipun klayan Pangwasane kang linuwih Inggih wonten ngajengan Tyang pinten-pinten bangsa Sami gawok sedaya
3
Sakhabat lajeng tan taha Nggunggung asmane Yesus Kang ingangkat dening Allah Dados Pang’ran lan Kristus ‘Nggih punika Yesus kang Wau densedani tyang
4
Tiyang pinten-pinten atus Nunten pasrah ing Gusti Saha nyuwun pangapunten Panlangsane nglangkungi Tobat kang trus ing manah Inggih sami katrimah
5
Duk kalane Gusti Kristus Ngesokaken Roh Suci Gusti karsa ngadegaken Kratonipun rohani Ngantos ing sapunika Dipun lar sanggen-nggennya
6
Dalah tanah Jawi ngriki ‘Nggih sampun ingadegan Karatone Gusti Yesus Pinten-pinten pasam’wan Tiyang Kristen kang samya Manut ing Gusti kula
7
Sarta ngraosken sakeca De kaprentah ing Gusti Dados karahayonipun Mila tansah memuji Pasrah raga lan sukma Ageng panuwunipun
8
Kula sasadherek kula Inggih sami kaduman Sih kanugrahaning Allah Tumut ing pasamuwan Yasanipun Roh Suci ‘Nggih kagungane Gusti
9
Anggen kula nandhang dosa Sami dipun luwari Malah dipun pundhut putra Dening kang Mahasuci ‘Nggih cinandhang kamulyan Kang tanpa wewangenan
10
Adhuh Gusti ingkang kula Walesaken punapa? Namung katemenan kula Kula saosken samya De pejah gesang mesthi Kula ndherek ing Gusti
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 84
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia