Bekasi, Cikarang & Karawang
83
Nomor
Kode
KPK 83
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Sumengkanipun Gusti
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 274
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 9 bait
1
Swawi sami muji girang Gusti mulya minggah dampar Srirane wus ingasorken Samangkin Allah ngunggulken
2
Kang wus seda krana kula Sampun wungu klayan mulya Mangkin ginanjar kamulyan Munjuli sagung tumitah
3
Rampung salir pakaryannya Ing sakarsane kang Rama Mila pinunjul ing asma Tan wonten kang nyamenana
4
Klayan nyebut asma Yesus Badhe jengkeng salir dhengkul Kang wonten swarga lan bumi Lan ing palimengan ugi
5
Lan sagung ilat memuja Yesus Kristus Gusti nyata Drapon kamulyane Allah Rama kang langgeng sinembah
6
Swawi manuswa waradin Ndherek muja kang trus batin Yesus kang mlasi tyang dosa Yeku Pangeran ing swarga
7
Neng satengene Sang Rama Gusti pinarak angantya Kasoran sagung satrune Neng sangandhaping padhane
8
Satru antaka kang rosa Wekasan linebur uga Dening kang unggul ing krosan Nggih Gusti kang mengku gesang
9
Mula wong Kristen ja wedi Maring sangsara lan pati Gusti aneng kamulyane Tan supe mring tebusane
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 83
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia