Bekasi, Cikarang & Karawang
80
Nomor
Kode
KPK 80
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Wungunipun Gusti
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 276
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
1
Swawi pra kanca girang memuja Kristus sinalib agesang malih Pamarta mami wungu sayekti Sampun tinitik Ratuning urip Gusti Panebus prange wus unggul Pati wus kalah, antupe ical
2
Tyang Kristen samya girang muja De paukuman bebendhu laknat Wus sirna estu Gusti wus wungu Kristus nguculi rantening pati Sung gesang langgeng Mring kang ngandelken Kula tyang dosa sinungan uga
3
Salumah bumi badhe ngurmati Gusti kang seda lan wungu uga Swawi salir tyang kang karibedan Swasi ngungseni piwlase Gusti Ndherek anyangga kalingsemannya ‘Ja ajrih pejah Gusti kang menang
4
Mara mujia, eh jagad wrata Gusti Panutan Ratuning gesang Urip kang langgeng Wus linairken Mara tangia king sagung dosa Ngambaha dalan ing kautaman Gusti murugken mring gesang langgeng
5
Dhuh Yesus Gusti Allah sejati Kang mengku gesang kul’abdi Tuwan Saya ngraketa lan tinunggilna Ing pejah gesang klayan Sampeyan Drapon utami lampahing abdi Tuwan pinuja slami-laminya
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 80
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia