Bekasi, Cikarang & Karawang
70
Nomor
Kode
KPK 70
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Sangsaranipun Gusti
Metronom
0
Cross Ref.
KP 84, KP 45, NR 77
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 7 bait
1
Dhuh Rama kang Ma’wilasa Mugi Tuwan karsaa Anerbuka manah kula Ing waktu sapunika Sageda kula nampeni Wah kapranan sayekti Ing cariyos ing sangsara Wah pisakiting Gusti
2
Aneng taman Getsemane Kang Putra kang kekasih Angesoraken slirane Nandhang sungkaweng galih Malah ngantos amlas arsa Sambate mring kang Rama Yen kenging, tuwung punika Langkunga ing kawula
3
Adhuh, punika punapa Putreng Allah pribadi Ingkang konjem ing pratala Sru rinepek ing galih Kang rinewe angludira Crocosan tibeng siti Gusti cinepeng kabesta Kadabyang lir tyang juti
4
Ingkang jum’neng ngarsanipun Pangulu lan bupatya Tinarka ing satru rodra Wah malih pinojokan Angagem makutha dhuri Asingeb jubah jingga Punika punapa yekti Gusti panuntun kula
5
‘Nggih punika Sang Pantawis Kang ngrembat dosa kula Karsa pasrah mring satrunya Lang inganggep durjana Winirang dados tingalan Kinecohan, wah malih Kinarya pangewan-ewan ‘Nggih tan lenggana Gusti
6
Dhahat Gusti mameraken Kawlasane mring janma De bilure nuwuhaken Kasarasan kawula Duraka kula sadaya Pangeran tempuhaken Mring kang Putra temah dadya Gusti wah Juru slamet
7
Adhuh Gusti, t’ladha kula Pantawis wah Pangluwar Janma dados klangenannya Kang Rama krana Tuwan Sih samanten agengipun Amranani tyas kula Yogya dipun puja-puja Ing swarga lan ing donya
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 70
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia

Slide Lirik 7 slide
Slide 1 — KPK 70 1
Slide 2 — KPK 70 2
Slide 3 — KPK 70 3
Slide 4 — KPK 70 4
Slide 5 — KPK 70 5
Slide 6 — KPK 70 6
Slide 7 — KPK 70 7