Bekasi, Cikarang & Karawang
322
Nomor
Kode
KPKA 322
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Tematik
Eskatologi
Metronom
0
Cross Ref.
KPK 165
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
1
Sang Kristus Gusti wus badhe prapta angadili gung manungsa tyang duraka mindhak durakanya de pituwase nraka tyang mursid mindhaka mursid yekti nucekken gesang manut mring Gusti yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya.
2
Sang Kristus prapta ngasta ganjaran pinaringna mring salir tyang kang mung mentingken badan priyangga ingukum ing naraka tyang kang tansah nresnani pepadha tan mawang tyang wah tulus ing driya yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya.
3
Gusti rawuh ngadili salir tyang pracayanya wah amalnya tyang kang mblunthah nguja nafsu donya kabesmi ing naraka tyang suci ing lampah bekti Allah manut Roh nyingkur badan priyangga yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 322
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia